Babagan Kita

Kitab suci Kristen kondho marang kita lumantar sejarah lan nubuatan. Iku ngandhani kita kedadeyan apa sadurunge lan kedadeyan apa sing bakal cepet kelakon. Ing ramalan kang nggumunake iki, kita bisa maca pesan amaran pungkasan sadurunge rusaking jagad.

Pesan amaran iki, diterangake dening telung Malaikat ing Wahyu 14, ana telung bageyan. Saben amaran iki penting supaya dirungokake ing saindenging jagad.

  • Malaekat pisanan ngandhani kita supaya nyembah Gusti Allah Pencipta, Kang akarya langit, bumi lan segara. Kita kudu nyembah Sang Pencipta amarga wektu Pengadilane wiis teka. Malaikat pisanan, ngandani kita kepriye awake dhewe bisa kenal Gusti Allah iki lan siyap ngadepi pengadilan.

  • Malaikat kapindo ngelingake kita babagan kamurtadan agama ing akhir jaman. Kita didhawuhi supaya 'metu' saka sistem agama sing ora ngurmati Gusti Allah Pencipta lan Sabdane kang diwedarake.

  • Malaekat katelu ngelingake yen si jahat ngupayakake sistem agama sing murtad kanggo nggawe serangan pamungkas nglawan marang Gusti Pencipta lan Umate. Bakal ana sawijining "tandha" tumrap wong-wong sing ngetutake wong ala, lan wong-wong sing tetep setya marang Gusti Allah bakal dianiaya. Nanging Gusti Allah bakal maringi Ukumane tumprap pawongan kang dewe tandha kejahatan. Umate, kang duwe iman lan mituhu, bakal di slametke saka kehancuran planet sing sekarat. Dheweke bakal menyang swarga bareng Gusti Allah lan bakal nonton nalikane Panjenengane nyipta maneh jagad ing kasampurnan asline.

Mendhaftar ing boletin kita

Dadia kang kapisanan kang ngerti kapan Publikasi anyar sumadya!

newsletter-cover