Apa njenengan perlu mujijat?

Apa njenengan perlu mujijat?

Ringkesan

Gusti duwe sejarah sing dawa nyedhiyakake mukjijat kanggo umate nalika dheweke mbutuhake banget. Alkitab nyritakké marang kita akèh crita bab Nubuatan sing wis kelakon, wong-wong sing diwarasake, lan kedadéyan-kedadéyan sing nggumunké sing mung bisa dadi jawaban pandonga. Pamflet iki menehi sawetara alasan kenapa kita bisa percaya marang Kitab Suci minangka pangandikane Gusti Allah sing ora owah, lan kepiye sampeyan bisa nyedhaki Gusti Allah kanggo mujijat sampeyan dhewe.

Jinis

Tract

Panerbit

Sharing Hope Publications

Sumadyo ing

28 Basa

Halaman

6

Undhuh

Sawijining Suku kang gedhe banget saka para anggota keluarga kang ngarep-arep urip sing luwih apik lan wis mutusake migrasi menyang negara anyar. Nanging, perjalanan iku, ora gampang; Wong-wong mau padha mlaku nyebrangi padhang gurun gedhe. Ing kono ana ula, kalajengking, lan panas kang dhuwur. Yen anggota suku ana sing lara utawa ora kuwat tiba ing mburine kafilah iki, dheweke wis diserang dening para bandit.

Ora let suwe padha kentekan pangan, nanging pemimpine sesambat marang Gusti Allah nyuwun mujijat. Esuke, nalika wong-wong padha tangi, padha nemu potongan-potongan cilik sing katon kaya roti sing kasebar ing lemah. Rasane enak, kaya wafer karo madu. Lan cukup kanggo saben wong kanggo nglegakake rasa luwene! Butuh pirang-pirang dina kanggo nyabrang padhang gurun lan saben dina ana udan roti saka suwarga. Puji Gusti, wong-wong mau slamet!

Crita iki kaprungu kaya kejutan nanging iki kedadeyan kang nyata. Kuwi salah siji saka pirang-pirang mujijat sing dicritakake ing Kitab Suci, sing bisa dingerteni kanthi jeneng Taurat, Zabur, lan Injil. Kitab Suci ngemot atusan crita nyata, akeh sing adhedhasar mujijat sing ditindakake Gusti Allah ing urip manungsa. Iki minangka buku penting kanggo jaman kita, nalika akeh wong sing mbutuhake mukjijat dhewe.

Mujijat ing jaman Modern

Ing taun-taun terakhir iki, kita wis weruh perang sipil, revolusi, ambruke ekonomi, pengangguran, penyakit infeksi, lan pati. Aku ora yakin kepriye kahananmu saiki. Njenengan isa uga di usir saka omah njenengan. Njenengan bisa wae duwe wong sing ditresnani nggandhul ing imbangan antarane urip lan pati. Njenengan bisa uga berjuang golek pekerjaan.

Apa wae kahananmu, Gusti Allah perduli karo njenengan lan kersa nindakake mukjijat kanggo njenengan saiki kaya dene Panjenengane tindake ing jaman mbiyen. Nalika njenengan rumongso sedhih, njenengan isa nemokake dorongan kanthi maca Alkitab, buku bab mujijat.

Sabdane Gusti Allah kanggo Jaman Kita

Ana wong sing ragu-ragu maca Alkitab merga krungu yen kitab kuwi wis diowahi. Mbok menawa salah paham iki merga gaya uripe akeh wong sing ngaku manut Alkitab. Kadhang kala kita weruh wong Kristen ngombe alkohol, judhi, klamben sing ora sopan, mangan daging babi, lan ora sopan tumindak marang wong liya.

Nanging nyatane, kabeh kesalahan kasebut dikecam ing Kitab Suci. Nalika wong Kristen urip ora manut marang Gusti Allah, iki ora ngowahi kesahihan Sabdane sing langgeng. Nabi Yesaya nyerat: ”Suket dadi aking, kembang dadi alum, nanging pangandikaning Allah kita tetep ing salawas-lawase” (Yesaya 40:8). Apa njenengan pikir manungsa cukup kuwat kanggo ngowahi Sabdane Gusti Allah, utawa luwih mungkin wong-wong mau mung nyalahake kanthi tumindak ala?

Alkitab nyritakke wektu nabi Dawud lan umate mindhah pethi prajanjian, yaiku peti emas gedhe sing isine Sepuluh Prentah. Sepuluh Perintah minangka Hukum Allah kanggo tuntunan moral lan ditulis ing rong papan watu gedhe lan dilebokke ing jero pethi emas. Ing arak-arakan, ana wong siji sing wani nyedhak lan ndemek tabut iku—lan dheweke langsung mati!

Yen Gusti Allah ora nglilani tangan-tangan sing sombong ndemek pethi suci sing isine Sabdane, apa maneh Panjenengane bakal nglilani wong-wong jahat nyedhaki Sabda kang tinulis nganggo gunting lan pulpen kanggo ngoreksi? Gusti Allah iku cukup kuwat kanggo nglindhungi Sabdane.

Wicara secara objektif, Kitab Suci iku minangka kitab sing paling terverifikasi ing sejarah manungsa. Ora patio suwe, telung gembala Badui ing Palestina—Muhammad edh-Dhib, Jum’a Muhammad, lan Khalil Musa—ora sengaja nemokake Gulungan Laut Mati. Iki minangka temuan arkeologi utama sing ngidini kita mbandhingake Kitab Suci jaman saiki karo manuskrip Kitab Suci kuno sing umure udakara 2.000 taun. Kesesuaian iki nggumunake, nuduhake maneh fakta yen wahyune Gusti ora bisa diowahi. Yen njenengan butuh mukjijat, njenengan bisa yakin nek Alkitab kuwi panggonan kang biso dipercaya kanggo nggoleki. Ing kene njenengan bakal nemoke crita sing nggumunake babagan nabi kaya Nuh, Abraham (Ibrahim), Yusuf, Yunus, Daniel, Dawud, lan Sulomo (Suleiman). Njenengan bisa uga wis krungu fragmen babagan iki ing panggonan liya, nanging Kitab Suci ngandhakake crita sing lengkap!

Ayo Temokna Mujijatmu

  • Apa wae krisis kang njenengan alami, Kitab Suci duwe crita mujijat mung kanggo njenengan:

  • Apa Njenengan utawa wong sing kok tresnani lara? Wacanen babagan penyembuhan ajaib Naaman, jenderal Siria sing lara kusta.

  • Apa njenengan berjuang kanggo menehi mangan kulawargamu? Wacanen babagan randha Libanon lan putrane, sing slamet saka paceklik dawa kanthi lenga sak guci cilik lan glepung sakepel sing ora tau entek.

  • Apa uripmu ana ing bebaya? Wacanen bab Ebed-Melekh, abdi saka Etiopia ing kratone raja, sing uripe dislametke wektu perang merga iman marang Gusti Allah.

  • Apa njenengan rumangsa kaya wong sing disingkirne? Wacanen bab Hagar wong Mesir, sing weruh mukjijat-mukjijat saka Gusti Allah nalika dheweke ditolak.

  • Apa njenengan kleleb ing ngisore masalah urip? Wacanen bab wektu Yesus Kristus ngacungke astane lan meredakan badai sing medeni kanggo nylametake para muride saka kacilakan kapal.

Jawaban kang Ajaib

Nalika maca Kitab Suci, kita kebak kapercayan kanggo ndedonga kanthi ekspektasi sing positif. Yesus Kristus ngandika: “Lan apa bae kang koksuwun ing pandonga, kalawan pracaya, mesthi bakal kaparingake” (Matius 21:22). Nalika maca critane wong liya sing nampa mukjijat saka Gusti Allah, ati kita diilhami dening pangarep-arep kanggo ndhesek panyuwun kita tumuju swarga.

Apa njenengan perlu mujijat? Diilhami dening mukjijat ing Kitab Suci lan nyuwuno marang Gusti Allah salah sijining kanggo njenengan dhewe. Panjenengane mesthi bakal mirengake dongamu dina iki!

Yen njenengan pengin sinau luwih akeh babagan mukjijat ing Kitab Suci, kontak kita ing informasi ing mburi kertas iki.

Copyright @ 2023 by Sharing Hope Publications. Karya bisa dicithak lan bisa dibageke kanggo tujuan non-komersial tanpa ijin. Kitab suci dipundhut saking Javanese Bible®. Copyright ©1981 dening Indonesian Bible Society. Digunakake nggawe idin. Sekabehing hak diayomi undhang-undhang.

Mendhaftar ing boletin kita

Dadia kang kapisanan kang ngerti kapan Publikasi anyar sumadya!

newsletter-cover