
Ngaso ing Donya sing gelisah
Ringkesan
Stres lan kakehan gaweyan nyebabake manungsa mati sadurunge wektune. Nanging ing dina penciptaan, Gusti ngrancang obat kanggo masalah stres: sedina kanggo ngaso. Dina suci iki dirancang minangka berkah supaya manungsa bisa ngaso saka pakaryan lan nglampahi wektu karo Gusti Allah. Emane, sanajan Gusti dhawuh marang manungsa supaya ngelingi dina iki, akeh sing pada lali karo dina sing istimewa iki, malah akeh sing pada lali marang Sang Pangripta sing wis menehi marang dheweke.
Jinis
Tract
Panerbit
Sharing Hope Publications
Sumadyo ing
28 Basa
Halaman
6
Mita Duran wis mati. Wanita sregep, umur 24 taun Copywriter Indonesia lagi wae ambruk ing mejane. Apa sing wis kedaden?
Wektu iku, Mita kerja ing agen periklanan, kang duwe ekpektasi dhuwur lan beban kerjane abot. Pas sadurunge matine, dheweke komentar babagan kekeselen ing media sosial: “Wengi iki, aku nggawa kunci menyang kantor iki dina kaping wolu terus-terusan... Aku ora nduwe urip.”
Dheweke bergantung marang minuman berkafein Krating Daeng, versi Asia saka Red Bull. Komentar onlinene kang pungkasan ujar: “30 jam kerja lan isih kuwat.” Dheweke banjur ambruk ing mejane lan ora nate tangi.
Apa sing wis kedaden? Mita mati sebab kekehan kerja.
Dina iki, akeh kita duweni jadwal kang sibuk banget. Masyarakat ndhesek kita kerja luwih akeh, entuk luwih akeh, lan tuku luwih akeh. Kita nandhang stres, insomnia, lan beban mental.
Kita mungkin bisa ora mateni awake dhewe kaya Mita Duran, nanging urip bisa dadi beban sing abot. Apa iki sing dimaksudke Gusti Allah kanggo kita? Panjenengane Sang pemberi Damai. Nalikane kita kakehan kerja, apa kita ngrasa ayem? Pesthine ora!
Yen kita kuwalahan karo rasa letih, iki mesthine awake dhewe nglalekake sesuatu sing dikersakake dening Gusti Allah. Ayo kita temoke apa kang Panjenengane dhawuhke babagan istirahat.
Pencet Tombol “Ngaso”
Gusti Maha Murah saha Maha welas. Panjenengane pirsa yen menungsa butuh wektu kanggo recharge badane, pikiran, lan rohanine, kaya dene tilpun seluler utawa laptop komputer. Amarga kuwi, nabi Musa nyathet prentahe Gusti:
Eling marang ing dina Sabat, sarta sira sucekna, Nem dina sira nyambuta gawe lan nglakonana sapenggaweyanira kabeh, nanging dina kang kapitu iku Sabate Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira: Ing dina iku sira ojo nyambut gawe (Saka bageyan kapisan saka Alkitab, uga dikenal minangka Taurat: Pangentasan 20:8–10).
Angger-anggere Gusti Allah sing ora bisa diganti iki ngandhani kita ngelingi dina kapitu. Miturut akeh basa ing donya, dina kapitu iki didedikasike kanggo ngaso diarani “Sabat.” Apa sebabe Gusti Allah ndhawuhi kita ngelingi kuwi? Amarga Panjenengane pirsa yen lali wis dadi masalah sing terus-terusan tumrap manungsa, wiwit saka Adam. Kita aja lali marang dhawuh-dhawuhe Gusti, amarga mung nalika kita eling marang Panjenengane lan dhawuh-dhawuhe, kita bakal tetep mlaku ing dalan sing lurus.
Nanging kenapa dina Sabat iku istimewa? Gusti Allah ngandika marang kita:
Awitdene sajrone nem dina anggone Pangeran Yehuwah nitahake langit lan bumi, segara lan saisine, sarto banjur kendel ing dina kapitu. Mulane dino Sabat iku diberkahi lan disucekake dening Pangeran Yehuwah (Pangentasan 20:11).
Dina Sabat minangka pangeling-eling penting yen Gusti Allah iku Sang Pencipta. Sawetara wong keberatan awit Gusti Allah ora kesel, mula Panjenengane ora perlu ngaso ing dina kapitu. Nanging Gusti Allah ora leren amargo kecapekan; Panjenengane leren mencipta supaya bisa nggawe wektu suci kanggo ngaso tumprap kita.
Gusti Allah mirsani nek dina ngaso kuwi apik kanggo umat manungsa. Panjenengane nggawe dina kapitu dina Sabat, sing tegese istirahat utawa ngaso. Dadi, dina kapitu saben minggu iku minangka dina khusus kanggo mencet tombol “ngaso”. Kita kudu ngaso saka megawe lan kegiatan sing ora suci kanggo sedina muput kanggo ngelingi lan nyembah marang Panjenengane.
Apa ora apik yen pimpinan utawa profesor njenengan mrentah njenengan supoyo duwe istirahat luwih akeh? Nanging iki pancen apa sing didhawuhake dening Gusti Allah! Pinujia Gusti Allah! Panjenengane pancen welas asih!
Njaga Dinane Gusti Allah Suci
Dina Sabat minangka dina suci universal kanggo kabeh wong ing sadonya. Iki dijaga dening pamercaya monoteis Gusti Allah sing Esa iku Pencipta adoh sadurunge ana wong-wong Yahudi, Kristen, Muslim, Buddha, utawa Hindu. Nyatane, iki diwenehake marang kabeh manungsa nalika donya iki dicipta. Adam lan Hawa (uga dikenal minangka (kawa) netepi dina Sabat, lan Gusti Allah ora nate nglilani kita lali apa sing didhawuhake supaya kita eling.
Sayange, dina Sabat asring dilalekake. Para nabi ngelingake wong Yahudi kuna yen Gusti Allah bakal nekakake karusakan marang wong-wong mau yen wong-wong mau lali dina Sabat. Wong-wong mau ora nggatekke pepeling, dadine Yerusalem dirusak, lan kulawargane padha digawa menyang penawanan. Wong-wong Kristen uga lali dina Sabat kanthi ngganti dina suci dadi Minggu sing dadi oposisi marang perintahe Gusti Allah. Umat Islam ndedonga ing dina Jum’at nanging lali yen kita kudu ngaso ing dina kapitu kanggo urip kanthi manut marang Sang Pencipta.
Kena apa ketoke sadonya nglalekake dina kang penting iki? Apa ana sabab king luwih jahat anane kelalen kang wis sumebar iki?
Yesus Sang Mesias (uga disebut Isa al-Masih) ngelingake kita tekane kekuwatan ing saindenging jagad sing bakal digunakake dening Setan (Shetan) kanggo nyingkirake pikiran kita saka Pencipta kita. Mayuta-yuta wong bakal diapusi ngibadah ing dina Sabat palsu. Yen Setan bisa njaluk kita lali dinane, Sang Pencipta, dheweke ngarep-arep kita bakal lali marang Sang Pencipta deweke. Nanging, nalika kita netepi dina Sabat sing sejati, kita nuduhake kasetyan kita marang pencita kita lan nikmati anugrah istirahat, kelonggaran, lan tentrem.
Mlebu Rehate Gusti
Nabi Musa nyerat nek “Gusti Allah mberkahi dina kapitu” (Purwaning Dumadi 2:3). Apa njenegan kesel lan stres? Ana Akeh berkah ing dina Sabat!
Mita Duran, copywriter saka Indonesia, tilar donya amarga kakehan kerja-nanging njenengan ora perlu nglakoni kelelahan kerja kaya dheweke. Gusti Allah ngajak njenegan ngaso saka kerjaanmu saben minggu lan ngrasakake berkah dina Sabat.
Yen njengan pengin sinau luwih akeh babagan carane Gusti Allah menehi kita ketenangan, katentreman, łan kesehatan, kontak kita ing informasi ing mburi kertas iki.
Copyright @ 2023 by Sharing Hope Publications. Karya bisa dicithak lan bisa dibageke kanggo tujuan non-komersial tanpa ijin.Kitab suci dipundhut saking Javanese Bible®. Copyright ©1981 dening Indonesian Bible Society. Digunakake nggawe idin. Sekabehing hak diayomi undhang-undhang.
Mendhaftar ing boletin kita
Dadia kang kapisanan kang ngerti kapan Publikasi anyar sumadya!

Temokake Pamirsamu
Publikasi Unggulan
© 2024 Sharing Hope Publications