
Golek Sih Rahmat
Ringkesan
Kaya apa Sih Rahmaté Gusti? Apa Panjenengane mung ngandika, "Aku ngapura kowé," utawa Panjenengane paring pengganti kanggo ngresiki cathetan sing mirangake kita? Pamflet iki nuduhake crita asli kanggo mbantu nerangake kabutuhan lan maknane kurban pangganti. Sing maca bakal entuk pangarep-arep amarga ngerti yen dosane bisa diapura lan rasa isine bisa diilangi.
Jinis
Tract
Panerbit
Sharing Hope Publications
Sumadyo ing
29 Basa
Halaman
6
Fatima dhewekan sasuwene Idul Adha, lan kesepiane luwih abot tinimbang sing bisa ditanggung dheweke. Dheweke kesepian iku kabeh salahe dheweke, ta?
Fatima kelingan kaya apa sengite dheweke mbantah karo bapake babagan omah-omah karo Ahmed. Dheweke isih enom lan nandang kasmaran. Kok bisa bapake kanda ora sarujuk? Nalikane dheweke mberot tetep rabi karo Ahmed, bapane kanda yen dheweke ora usah bali maneh.
Dheweke rumangsa bisa nanggung kabeh rasa isin amarga tresnane marang Ahmed. Nanging ora suwe saka iku, dheweke kudu ngakoni manawa bapake pancen bener. Bojone iku dudu Ahmed sing Fatima pikir dheweke jatuh cinta saat pacaran. Ahmed ninggalake dheweke kanggo wong wadon liyane.
Fatima rumangsa isin marang dheweke dhewe. Fatima percaya dheweke wis ketemu kaadilan lan wis mbayar kesalahane. Dheweke ngerti kaya apa kaadilan iku. Nanging oh, Kepiye atine, ndambake sih rahmat!
Kang Maha Welas lan Maha Asih
Yen kita jujur, kita kabeh wis nggawe kesalahan lan ngremehake swara kawicaksanan. Kita wis nyinggung merang wong liya. Wong liya uga wis nyinggung marang kita. Masarakat kita winangun dening wong-wong kang gawe salah. Lan sepira abote paring ngapura marang sesama lan kita dhewe!
Apa ana sih rahmat kanggo kasalahan kita?
Mikir kaping pira anggonmu mbolan-mbaleni ngucap ukara gampang iki “bismillah Al-Rahman Al-Raheem”—“ing atas asmaning Gusti Kang Maha welas, Maha asih.” Ngapa sih rahmat istimewa banget?
Mbokmenawa amerga masarakat kita—lan ati kita—butuh banget sih rahmat.
Sih rahmat: Dalan kang Luwih Becik
Sawetara taun kepungkur, wong lanang kang aran Abdul-Rahman gelut lan mateni tanggane kang aran Kareem. Urip dadi angel banget kanggo loro kulawarga ing desa cilik Mesir iki. Kulawarga Kareem ngupaya mbales dendam, dene kulawarga Abdul-Rahman kanthi wedi nyoba nglindhungi dheweke. Abdul-Rahman ora kepingin siklus balas dendam iki diterusake. Dheweke njaluk nasehat menyang para pemimpin desa, lan para pemimpin desa menehi nasehat nindakake ritual kain kafan kematian.
Abdul-Rahman nggawa kain kafan putih dhewe lan nyelehake pisau ana ing dhuwure. Dheweke lunga nemoni keluargane Karim ing pasar, disekseni kabeh warga desa. Abdul-Rahman jengkeng ana ing sangarepe Habib, dulure lanang kurban lan masrahake kain kafan lan pisau iku. Dheweke njaluk sih rahmat lan rekonsiliasi
Habib nemplekake pisau ing gulune Abdul-Rahman. Lurah desa nggawa wedhus, lan Habib iku kudu nemtokake kaputusane: menehi sih rahmat, utawa balas dendam? Nalikane pisau ana ing gulune Abdul-Rahman, tumindake iku nandhakake: “Saiki awakmu ana ing genggemanku. Kabeh mripat padha nyawang iki; kabeh wong padha ngerti yen aku duwe hak mateni awakmu lan aku bisa nglaksanakake. Nanging aku milih Sih rahmat lan karukunan. Aku bakal mungkasi utang nyawa.”
Dheweke nyingkir saka Abdul-Rahman lan malah mbeleh wedhus minongko penggantine. Nalikane rasa lara, nepsu, lan keadhilan wis ditanggung dening sato kewan mau, Habib banjur ngrangkul Abdul-Rahman. Karukunan ing antaraning rong kalawarga wis dipulihake.
Yen manungsa bisa golek cara kanggo nggabungake keadhilan lan sih rahmad, mesthine Gusti Allah ugu bisa nindakake prakara kang podho!
Yesus Al Masih: Sih rahmat saka Gusti Allah
Saka ing ngendi kita bisa nyinau babagan sih rahmate Gusti? Iki gampang banget. Awakmu mbokmenowo wis nate krungu Yesus sang Mesias (kang uga dikenal Isa Al-Masih) kang diarani “Sih rahmat” saka Gusti. Iki tegese panjenengane pancen mujudake (sih rahmat). Dalane—piwulange ing Kitab Injil iki dalan pangapuro lan Karukunan.
Yesus Sang Mesias bisa mujudake peran kang endah iki amargo panjenengane siji-sijine kang kautus Allah kang sampurno tanpa dosa. Saben nabi lan para utusan suci butuh pangapura kanggo salahe, nanging ora mungguhe Yesus Sang Mesias. Panjenengane wis digawa secara langsung menyang swarga tinimbang ngenteni dina kiamat amarga panjenengane ora nate nggawe kesalahan—ora senadyan mung setithik.
Sebab saka iku Panjenenganene kasebut Sih rahmat kang saka Gusti. Panjenengane maringi tuladha marang kita sih rahmat sing murni lang paring piwulang kepriye carane nampini sih rahmate Gusti.
Kepriye Yesus Sang Mesias bisa Paring Pitulung marang Aku?
Wis kacathet yen Yokanan sang Pembaptis (kang ugo dikenal Yahya) ndeleng Yesus Sang Mesiah ing antarane wong akeh lan, ing Ilham saka Gusti Allah, mbengok: “Delengen! Iku Cempeneing Allah kang ngilangi dosane jagad!” (Injil, Yokanan 1:29) Yesus Sang Mesias kayadhene Domba kang nggawe dalane karukunan kanggo Abdul-Rahman.
Manawa kita kaukum amerga dosa kita, iki adhil. Nanging Yesus Mesias, kang tanpa dosa, Kanthi sukarila nanggung ukuman marga kesalahan-kesalahan kita. Ora ana sing meksa Panjenegane. Panjenengane rela nanggung kematian atas dirine kanggo njawab tuntunan keadialan. Panjenengane mung siji-sijine wong sing bener-bener ora pernah bersalah sing pernah urip, lan maneh Panjenengane ngidini dhewe diperlalukan kaya Domba ing kisah Abdulrahman. Iki sebabe, sakwise Panjenengane menderita kanggo kita, Allah mbangkitake Panjenengane munggah tumuju swarga.
Mungkin njenengan duwe konflik ing urip njenengan. Bisa uga njenengan kayadene Fatima, dibuwang karo wong kang kok tresnani. Bisa ugo njenengan wis dilarani karo wong liya, utawa reputasimu wis dirusak kanthi cara sing ora adhil. Biso Bisa ugo njenengan kayadene Abdul-Rahman, rasa bersalah lan wedi mbales.
Yésus Kristus isa mbantu. Njenengan cukup bisa nggawe panyuwunan singkat kaya iki:
Dhuh Gusti, kawula mboten nate saged nebus dosa kawula. Nanging kulo ngertos Panjenengan sampun ngutus Gusti Yesus Kristus minangka Sih rahmat kangge kita. Nyuwun pangapunten sebab saking tumindak kabecikan ingkang sampun panjenengan tindakaken tumrap sedaya manungsa. Tulungi kula mangertos marganipun Yesus Kristus, saenggo kula saget ngalami Sih rahmad paduko ing gesang kula. Amin.
Yen njenengan ngersaake copy Kabar Becik iki, bisa ngontak kita ing alamat kang katulis ana ing lembar pungkasan wacan iki.
Copyright @ 2023 by Sharing Hope Publications. Karya bisa dicithak lan bisa dibageke kanggo tujuan non-komersial tanpa ijin. Kitab suci dipundhut saking Javanese Bible®. Copyright ©1981 dening Indonesian Bible Society. Digunakake nggawe idin. Sekabehing hak diayomi undhang-undhang.Mendhaftar ing boletin kita
Dadia kang kapisanan kang ngerti kapan Publikasi anyar sumadya!

Temokake Pamirsamu
Publikasi Unggulan
© 2024 Sharing Hope Publications