Aman Saka Roh-Roh Jahat

Aman Saka Roh-Roh Jahat

Ringkesan

Roh-roh jahat kuwi kuwat, nanging ora sakuwat kaya Gusti Yésus Sang Mesias. Pamflet iki nèrangaké kepriyé carane Yésus nundhung sétan-sétan saka wong-wong sing nandhang sangsara lan mbantu deweke nemokake kewarasan. Panjenengane uga bisa nindakake perkara sing padha kanggo kita saiki. Kitabe mulangake kabeh sing kudu kita ngerteni supaya bisa bebas saka gangguan lan penindasan setan. Iki uga mulang kita kepriye carane ben ora diapusi dening setan penipu sadurunge Panjenengane rawuh maneh.

Undhuh

Jin ana ing ngendi-endi. Apa wae njenengan nyebut dheweke roh, memedi, setan, utawa jin, dheweke bisa medeni. Dhukun, dhukun suwuk, uga jimat misuwur, nanging apa bener kuwi isa nglindungi kita?

Aku pengin nuduhake marang njenengan telung langkah prasaja kanggo golek perlindungan saka roh-roh jahat supaya njenengan ora kudu wedi.

Perlindhungan saka roh jahat

Wong lanang iku wuda lan njerit. Dheweke kesurupan akeh jin, lan ora ana sing bisa nulungi dheweke. Wong-wong ing desa wis nyoba naleni dheweke nganggo rante, nanging dheweke kasil medhot rante mau kanthi kekuwatan sing luar biasa lan mlayu manggon ing kuburan. Dheweke saben dino terus-terusan nangis lan ngirisi awake dhewe nganggo watu.

Nganti tekane wong sing jenenge Yesus Kristus, sing uga disebut Isa Al-Masih.

Wong lanang iku banget kerasukan mula nalika mbukak cangkeme kanggo njaluk tulung, jin iku mbengok marang Yesus Kristus supaya ninggalake dheweke. Nanging Yesus ora lunga. Panjenengane paham apa sing terjadi. Ora wedi, panjenengane mrentah jin supaya ninggalake wong kuwi.

“Aja ngirim kita menyang jurang!” panyuwune jin. Jin-jin mau njaluk mlebu menyang kumpulan babi-babi ana ing cedhake. Yesus ngongkon dheweke ninggal wong kuwi lan mlebu ing kewan-kewan sing haram iku. Sanalika iku wong mau bali dadi waras, lan sekumpulan babi iku padha mlayu menyang pinggiring jurang lan ceblok menyang segara.

Pungkasane, wong iku wis bebas. Dheweke matur nuwun banget! Nanging iki dudu siji-sijine cerita. Yesus Kristus nduweni kekuwatan sing gedhe kanggo nglawan roh-roh jahat. Nang endi wae panjenengane lunga, panjenengane mbebasake wong sing disurupi jin. Panjenengane uga menehi wewenang marang para pengikute nglawan iblis:

Lah kowe wis padha Dakparingi panguwasa... ngidaki ula lan kalajengking, tuwin nahan kakuwataning mungsuh, satemah ora ana kang mbebayani tumrap kowe. Nanging sanadyan mangkono, aja padha mbungahi marga saka roh-roh iku padha nungkul marang kowe, nanging padha bungaha marga jenengmu wis katulisan ana ing swarga (Saka Injil, Lukas 10:19–20).

Nalika kita ndherek Yesus Kristus, kita bisa duwe kaslametan ing urip iki lan jaminan kanggo urip kang sabanjure! Ayo kita goleki telung langkah kanggo nemokake kamardikan saka roh-roh jahat.

Langkah 1: Tuntut Kuasa Nama Yesus Kristus

Langkah pisanan yaiku golek perlindungan Gusti Allah kanthi asmane Yesus Kristus. Srana diri kita dhewe, kita ora berdaya. Nanging nalika kita martakake asmane Yesus Kristus liwat gesang kita, roh-roh jahat dadi ora duweni daya! Yesus ngendika bab para muride: “Ing Asmaku kowe bakal padha nundhung dhemit” (Injil Markus 16:17).

Yen njenengan pracaya kanthi gumolonging atimu yen Yesus Kristus bakal mbebasake njenengan, panjenengane bakal nindakake! Cukup gawe panyuwun iki marang Gusti Allah: “Gusti, mugi Paduka luwari kawula saking roh-roh jahat atas asmanipun Yesus Kristus ingkang Paduka utus!”

Jangkah 2: Nggoleki Reresik Batiniah lan Lahiriah

Yesus Kristus mulang nek kita ora oleh nduwe samubarang pijakan marang Setan. Panjenengane ngendika: “Penggedhene jagad iki teka lan iku ora duwe wewenang sathithik-thithika ing ngatase Aku” (Injil, Yokanan 14:30). Kita uga kudu ngresiki urip kita saka kabeh pengaruh ala.

Apa artine iblis “ora nduweni kuasa atas kita”? Iki rikala kita ora nyimpen ing ati utawa omah kita barang apa wae sing dadi duweke dheweke. Kita kudu mbuwang takhyul-takhyul lan jimat-jimat. Kita kudu nyingkiri tumindak dosa kaya pornografi, drugs, lan alkohol. Yen kita wis melu ritual ngomong karo wong mati utawa nggawe kutukan, kita kudu langsung mungkasi kabeh kegiatan iki. Kanthi cara iku, kita ngresiki lingkungan njaba saka pengaruh setan. Banjur, kita kudu ndedonga marang Gusti Allah supaya ngapura lan ngresiki batin kita.

Langkah 3: Isi Uripmu Kanthi (cahya)

Sawise Yesus Kristus mbebasake njenengan saka kakuwatan jin, njenengan undang panjenengane supaya ngatur marang uripmu. Aja kok biarke atimu kosong. Yesus Kristus ngendika:

Mungguh dhemit iku manawa wus metu saka ing wong, banjur glembara golek pelereman menyang papan-papan kang garing suwung. Nanging ora oleh. Tumuli ngucap mengkene: “Aku dak bali menyang omah sing tak tinggal kawe.” Banjur bali, omahe tinemu suwung, wis resik kasaponan lan katata becik. Dhemit mau banjur lunga ngajak dhemit pepitu liyane kang luwih ala katimbang dheweke, tumuli padha lumebu sarta manggon ana ing kono; wekasan wong mau alane ngluwihi sing uwis. Mangkono uga bakal kadadeane jinis kang ala iki (Injil, Matius 12:43–45).

Nalika njenengan wis diresiki saka jin, isi urip njenengan karo cahya saka bukune Yesus, Kitab Suci. Yesus Kristus rawuh minangka “Aku wus teka ing jagad dadi pepadang, supaya sok wong kang pracaya marang aku, aja tetep ing pepeteng” (Injil, Yokanan 12:46). Entuka salinan Kitabe Yesus lan wacanen saben dina supaya pepadhange panjenengane nyingkirake pepeteng.

Keselamatan kanggo Masa Depan

Awake dhewe saiki urip wis cedhak karo akhir jaman nalika roh-roh jahat luwih aktif tinimbang sadurunge. Yesus Kristus ngramalake nek sakdurunge Panjenengane kundur, kuwasa jahat bakal nindakke akeh mukjijat palsu kanggo ngapusi wong-wong sing percaya. Kanggo sawetara wong, jin bakal katon ing wujud kang medeni minangka memedi; kanggo wong liyane, jin-jin mau bakal katon kaya malaekat utawa sederek sing wis mati. Setan dhewe malah bakal niru Yesus Kristus!

Nanging njenengan ora perlu diapusi karo kebohongan iki. Yen njenengan dherek Yesus Kristus, Panjenengane bakal menehi kekuwatan kanggo nglawan Iblis. Kanca, apa wae perjuanganmu saiki, idinana Yesus Kristus mbebasake njenengan!

Yen njenengan pengin pendereke Yesus Kristus ndedonga kanggo ngluwari njenengan saka roh-roh jahat, kontak kita ing informasi ing mburi kertas iki.

Copyright @ 2023 by Sharing Hope Publications. Karya bisa dicithak lan bisa dibageke kanggo tujuan non-komersial tanpa ijin. 
Kitab suci dipundhut saking Javanese Bible®. Copyright ©1981 dening Indonesian Bible Society. Digunakake nggawe idin. Sekabehing hak diayomi undhang-undhang.

Mendhaftar ing boletin kita

Dadia kang kapisanan kang ngerti kapan Publikasi anyar sumadya!

newsletter-cover