Tanpa rasa Wedi ing Dina Penghakiman

Tanpa rasa Wedi ing Dina Penghakiman

Ringkesan

Mikir bab dina pangadilan nyababake nggegirisi ing atine wong akeh. Kepriyé carané kita bisa yakin yen kita bisa slamet ngliwati dina pangitungan pungkasan kuwi? Gusti dhawuh bakal menehi kita Advokat sing bakal nengahi kita kaya pengacara sing mbela perkara kita ing pangadilan ndonya. Pamflet iki ngenalake kita marang Advokat iki lan mulang kita carane duwe jaminan nalika kita mikirake babagan pangadilan sing bakal kelakon.

Undhuh

Ing sawijining esuk, aku metu saka kamar hotelku kanggo nekani rapat penting. Aku telat lan aku nyopir cepet—luwih cepet saka batas kacepetan sing diijinke. Setengah dalan menyang panggonan sing dak tuju, ana polisi narik aku lan ngandhani yen aku kudu menyang kantor polisi! Aku rumangsa gugup lan ora duwe daya amarga aku ngerti aku wis bersalah.

Sawise petugas polisi mbukak berkas kasus sing nglawan aku, Aku digawa menyang pengadilan terdekat kanggo dipanggil. Ing kana, aku ketemu kanca kang makarya dadi pengacara. Dheweke kaget weruh aku. Nalika aku njlentrehake kahananku, dheweke kandha, “Aja kuwatir. Aku bakal nangani kasusmu.” Aku bahagia banget. Kancaku dhewe bakal dadi pambelaku!

Amarga kancaku turun tangan kanggo ngadvokasi atas namaku, hakim ngluarke dhenda minimum. Aku metu saka pengadilan muji Gusti Allah.

Pancen medeni yen ngadheg ing ngarepe hakim donya iki. Nanging iku ora ana apa-apane dibandhingake karo kaya apa rasane ngadeg ing ngarsaning Gusti Allah ana Dina Pitungan gedhe. Yen dina iku besok bakal teka, apa njenengan siyaga?

Nyiapake kanggo Pengadilan

Sawetara wong nanggapi pangadilan sing bakal teka kanthi sikap santai. Wong-wong mau ngombe alkohol, ngrokok, main judi, menyang nightklub, lan nonton video-video sing ala. Wong-wong mau uga ngerti manawa prekara-prekara iki ditulis ing kitab pengetan, nanging wong-wong mau kejebak dening khayalan Iblis (uga dikenal minangka Setan). Wong-wong mau padha ora perduli.

Manungsa liyane nanggapi kanthi wedi banget. Wong-wong mau ora wani nglaleake senadyan siji pandonga wae. Wong-wong mau Padha mikir siksa kubur utawa geni naraka sing gedhe wong-wong mau nganti lali marang katrisnan lan kabecikane Allah.

Nanging kaya aku duwe pembela ing pengadilan, Gusti Allah wis nyedhiyakake pembela sing bakal nulungi kita ngliwati Dina Pengadilan. Njenengan ora kudu dhewekan!

Sapa ta Pambela Kita?

Gagasan babagan pambela dudu anyar. Saben taun, ewonan peziarah ngunjungi kuil ing Afrika Lor, Timur Tengah, lan Asia. Akeh wong ndedonga ing kuburan para pemimpin gedhe, percaya yen wong-wong ing kubur mau bakal mbela kanggo atas namane.

Iku apik kanggo ngajeni pemimpin gedhe, nanging ndedonga marang dheweke utawa njaluk syafaat iku bener-bener haram. Wong-wong mau wis mati lan ora bisa nindakake apa-apa kanggo njenengan. Senadiyanto para nabi uga isih ana ing kubur, nunggu Dina Kebangkitan.

Sanadyan iku haram takon marang wong mati njaluk syafaat kanggo kita, gagasan syafaat dhewe iku bener. Nanging syafaate sapa sing ditampa Gusti Allah? Kuwi kudu sawijining wong sing

  1. Urip (amarga wong mati ora bisa ngomong kanggo kita).

  2. Tanpa dosa (amarga sing dikutuk dening hukum ora bisa mbelo wong liya).

Sapa kang bisa nggenepi sarat-sarat iki? Ora ana liyane kajaba Yesus Kristus sing ditresnani, uga disebut Isa Al-Masih, kang gesang ing swarga lan bener-bener suci.

Coba pikiren—apa ana wong liyane sing bisa ngaku tanpa dosa? Adam mangan woh sing dilarang; Noah (Nuh) mabuk anggur; Abraham (Ibrahim) ngapusi; Moses (Musa) mateni wong; David (Dawud) nyolong bojone wong liya. Njenengan ora bakal nemokake nabi siji wae sing ora tau gawe kesalahan utawa ora kudu njaluk ngapura.

Nanging Yesus Kristus ora tau nglakoni dosa. Panjenengan dhewe ngakoni: “Kang ngutus Aku iku nunggil karo Aku... awit Aku tansah nglakoni kang dadi keparenge” (saka Al-kitab uga dikenal minangka Injil, Yokanan 8:29).

Ngadhepi Dina Pangadilan kanthi tentrem

Yesus Kristus gesang ing swarga lan sampurna tanpa dosa. Panjenengane siap ngavokasi aku lan njenengan. Lan panjenengane bakal cepet rawuh.

Yen panjenengane rawuh kaping pindho, iki tegese Yesus Kristus minangka nabi pungkasan. Ya, lan luwih saka nabi—Panjenengane iku Pembela kita, Guru, lan tentrem-rahayu ing Dina Pitungan. Panjenegane ngendiko marang kita: “Satemene pituturKu marang kowe: Sapa kang netepi ing pituturKu iku bakal ora ngalami pati ing salawas-lawase” (Injil, Yokanan 8:51).

Yesus ora Seda, panjenengane gesang! Lan saiki panjenengane mbangun komunitas ing bumi. Kadhangkala panjenagane ngajak wong-wong menyang komunitase kanthi katon ing impen minangka wong sing nganggo klambi putih utawa menehi (mujijat) nalika ndedonga marang Gusti Allah kanthi asmane.

Apa njenengan pengin duwe ketentreman ing Dina Kiyamat? Akui kapercayanmu marang Yesus Kristus. Kena apa kita kudu percaya marang wong sing wis mati lan ora ngerti kepiye nasibe ing Dina Kiyamat? Yesus yakin karo panggonane ing swarga. Kaya kanca pengacaraku ing ruang sidang, dheweke bakal nulungi kita.

Njenengan mungkin wae bertanya-tanya apa sesuatu sing begitu menakjubkan bisa dadi kenyataan. Yesus Kristus ngendika: “Manawa kowe padha nyuwun apa marang Aku atas saka jenengKu, iku Aku kang bakal ngleksanani” (Injil, Yokanan 14:14). Priksanen kango ngerteni manawa apa sing dakkandhakake marang njenengan iki bener. Yen Yesus cukup kuwasa kanggo ngadhepi kahanan darurat ing urip saiki, mesthi wae panjenengane bisa dipercaya dadi pembela kita. Ndedonga marang Gusti Allah ing asmane Yesus kanthi ati sing tulus lan delengen apa kang kedadeyan. Njenengan bisa ndedonga:

Dhuh Gusti, kawula kepengin mangertos punapa Yesus punika saestu ingkang sampun Paduka tunjuk dados pembela kawula ing penghakiman. Bilih leres, mangga wangsuli pandonga kawulo (lebokna kabutuhan njenengan ing kene). Kawula nyuwun ing asmanipun Yesus Kristus. Amin.

Yen njengan pengin sinau luwih akeh babagan carane nderek Yesus Kristus, kontak kita ing informasi ana ing mburi kertas iki.

Copyright @ 2023 by Sharing Hope Publications. Karya bisa dicithak lan bisa dibageke kanggo tujuan non-komersial tanpa ijin. 
Kitab suci dipundhut saking Javanese Bible®. Copyright ©1981 dening Indonesian Bible Society. Digunakake nggawe idin. Sekabehing hak diayomi undhang-undhang.

Mendhaftar ing boletin kita

Dadia kang kapisanan kang ngerti kapan Publikasi anyar sumadya!

newsletter-cover