
Undangan Imigrasi
Ringkesan
Apa sampeyan nggoleki papan sing luwih becik? Panggonan sing aman, kasenengan, lan ngaso? Awaké dhéwé golek samubarang nanging donya ora bisa nyediani amerga saben kita diciptake supaya manggon ing Suwarga. Yésus sang Mesias wis tindak mrana. Panjenengane pirso dalane, lan saknyatane, Panjenengane nyebut Diri Pribadine "dalan!" Pamflet iki nèrangaké bebener penting bab Yésus sing mbantu awaké dhéwé siap dadi warga negara ing Pirdus.
Jinis
Tract
Panerbit
Sharing Hope Publications
Sumadyo ing
28 Basa
Halaman
6
Abdul-Malek iku wong lanang wis tuwa sing sayah. Sawise kelangan garwane lan anak-anake, dheweke mlayu saka Irak kanggo uwal saka ISIS. Saiki dheweke urip dhewe ing Yordania minangka pengungsi.
Nanging ana cahyaning pangarep-arep. Dheweke duwe sepupu sing manggon ing Kanada sing nawarake kanggo mbantu dheweke entuk pekerjaan. Semangat, dheweke ngeplai visa lan wiwit ngimpi urip sing luwih kepenak. Pungkasane, sawise sawetara taun ngenteni, dheweke entuk mlebu menyang Kanada. Abdul-Malek bungah banget!
Nanging kabungahane mung sedhela. Sawise tekan Kanada, dheweke nemokake yen urip sawise pindhah kuwi ora gampang. Pekerjaane ndadekake dheweke tetep ngadeg ing sadina muput. Tetanga-tetanggane padha berisik. Transportasi umum ora gampang dimangerteni-lan uga basa Inggris!
Abdul-Malek wis tansah ngimpi arep menyang panggonan sing luwih apik, nanging yen dheweke wis teka, dheweke nemokake atine isih lara. Dheweke mulai mikir apa kepenginan sing dirasake isa kelakon ing sembarang panggonan ing bumi iki—utawa kudu ngenteni nganti ing Swarga dhewe!
Pindhah menyang Pirdaus
Apa njenengan nate ngrasa kaya Abdul-Malek? Kepinginan marang papan sing luwih apik iki wis thukul ing atine manungsa lan mung bisa digenepi kanthi mlebu ing Swarga, omah kita sing sejatine. Lan iku pepinginan sing bakal enggal kawujud! Tanda-tanda kiamat lagi ana ing ngarepe kita, lan donya iki cepet tekan pungkasane.
Wis pirang-pirang abad, buku-buku agama Yahudi, Kristen, lan Islam kabeh wis predhiksi dina kiamat-klimake nalika kita “pindhahan” saka donya iki menyang akhirat. Kabeh telu kepercayaan kasebut nuduhake tokoh Mesias sing bakal tanggung jawab tumrap puncak peristiwa dina akir.
Sing nggumunake, tokoh Mesias ing agama Kristen lan Islam iki ora liya Yesus Kristus, uga dikenal minangka Isa al-Masih. Panjenengane iku Mesias wektu manggon ing Palestina, nanging wis manggon ing Swarga 2.000 taun kepungkur. Panjenengane bakal bali maneh ing Dina Pengadilan akir.
Rawuhe Yesus Kristus wis misuwur ing Kitab Suci, nanging wong Muslim uga percaya yen panjenengane bakal rawuh maneh, amarga wis ditulis ing Al Qur’an: “Lan satemene (Isa) iku bakal dadi tandhaning Kiamat, mulane sira aja mangu-mangu marang (Dina Kiamat), nanging melua Aku: iki dalan kang lurus” (Az-Zukhruf 43:61).
Kaya dene petugas imigrasi menehi tuntunan penting bab carane entuk visa, Yesus Kristus ngajak kita nggatekke Tandhane—supaya kita isa ngerti dalan sing Lurus menyang Swarga.
Kaya apa Swarga sing di kandhakake Yesus iku?
Kitab Injil, nyathet yen Yesus Kristus dhawuh, “Awit Aku mrana prelu nyawisake papan marang kowe, Dene manawa Aku wus mrana lan wus nyawisake papan kanggo kowe, tumuli Aku bakal bali lan ngajak kowe menyang ing papan padunungKu supaya ing ngendi padunung-Ku kowe ia padha anaa ing kana uga” (Injil, Yokanan 14:2–3). Gusti Yesus Kristus ngendika nek panjenengane isa nggawa awake dhewe menyang Swarga!
Panjenengane uga ngungkapke sekilas sawetara pemandangan sing indah papan kasebut. Panjenengane kanda yen
Ora bakal ana maneh pati, sedhih, tangis, utawa lara (Wahyu 21:4).
Kita bakal duwe omah sing endah (Yokanan 14:2).
Kalorone wong lanang lan wadon bakal nduwe martabat lan hak sing padha (Galatia 3:28).
Iku kebak pepadhang, bebener, lan rasa seneng (Wahyu 21:21–25).
Pancen, iki minangka papan sing diarep-arep ati kita!
Apa sebabe Yesus Kristus rawuh kaping pindho
Nanging Gusti Allah wis ngutus akeh nabi lan utusan suci. Apa sebabe (Gusti )Yesus Kristus dipilih kanggo bali kaping pindho? Pitakonan iki gampang dijawab kanthi gambaran pindahan sing padha. Amarga entuk visa ora gampang, akeh wong sing nyewa pengacara kantor imigrasi sing ngerti dalane. Nek kita nduwe pemandu, kita bisa percaya nek dhewekke bakal nulungi kita.
Semono uga, Yesus Kristus mung siji-sijine sing bakal muncul kaping pindho amarga ngerti dalan menyang Swarga lan bisa nuntun kita mrana. Panjenengane dhewe ngeklim, “Aku iki dalane, sarta jatine kayekten, lan kauripan” (Yokanan 14:6).
Saben nabi lan utusan sing diutus Gusti Allah wis nggawe kesalahan lan kudu njaluk pangapura. Nanging Yesus Kristus ora ngono. Panjenengane ora duwe dosa sajrone 33 taun urip ing bumi. Mulane dheweke langsung digawa menyang Swarga.
Kita kudu sinau saka Yesus Kristus, siji-sijine sing ora duwe dosa, carane nyukupi syarat mlebu menyang Swarga. Mung kanthi cara iki kita bisa yakin manawa kita bakal mlebu Swarga. Syukur, kita dhewe isa sinau saka bukune, yaiku Alkitab.
Nyiapake kanggo Kundure Yesus Kristus
Apa ora nyenengake yen njenengan bisa mesthekake yen imigrasimu iku menyang panggonan sing luwih apik? Njenengan diundang dadi warga negara kerajaan Allah sing mulya ing Swarga! Ora suwe maneh Yesus Kristus bakal rawuh nggawa kita kabeh menyang panggonan sing apik banget.
Apa ya mungkin njenengan ngetutake manungsa kang dheweke dhewe ora ngerti apa kang bakal terjadi ing Dina Kiamat? bareng karo Yesus Kristus, njenengan ora kudu mangu-mangu. Nyuwun marang Gusti Allah supaya nuntun njenengan ing Dalane Yesus Kristus sing lurus. Njenengan bisa nggawe panyuwunan kaya iki:
Dhuh Gusti, manah kawula kapengin papan ingkang langkung sae. Tulung selamataken kula lan tiyang ingkang kula tresnani saking kasusahan ing donya niki. Kula percados wektunipun celak. Mugio paring pitedah supados kula saged lumebet ing papan ingkang endah ingkang sampun Paduka cawisaken kangge kazula. Amin.
Yen njenengan pengin entuk salinan Injil sing asli, kontak kita ing informasi mburi kertas iki.
Diterjemahake menyang basa Jawa saka Al Qur'an Inggris.Copyright @ 2023 by Sharing Hope Publications. Karya bisa dicithak lan bisa dibageke kanggo tujuan non-komersial tanpa ijin.Kitab suci dipundhut saking Javanese Bible®. Copyright ©1981 dening Indonesian Bible Society. Digunakake nggawe idin. Sekabehing hak diayomi undhang-undhang.
Mendhaftar ing boletin kita
Dadia kang kapisanan kang ngerti kapan Publikasi anyar sumadya!

Temokake Pamirsamu
Publikasi Unggulan
© 2024 Sharing Hope Publications